GURIT SEPI KUMRIWIKING BANYU KALI
GURIT KANGGO ADHI
Daktampa saka pecahaning cahya
Rembulan tiba ana sela-selaning gegodhongan
Lagu lan swaramu serak dhimas
Apa ana kabar kang wigati
Ing ngarep iki wit jati gegrumbulane
Suket temanceping kahanan
Mangka kita kudu lumaku lan dhemen nyipati
Gambar-gambar dlamakan ngisor-ngisoring
Garis paugeran
Aja wedi dhimas
Kembang-kembang iki duwekmu
Cikben beda
Cikben urip dasaning nama
Marga tanpa beda
Kaendahan iki sasat mung pangimpen
Ngayawara
Lan Negara kita urip
Saka rupa rupaning rupa
Dening Bambang Edy Supriyono
Panyebar Semangat No.48, 01 desember 1984
GURIT KANGGO ADHI II
Kanggo ngiring lumakuning dina-dina
Kanthi rembulan minangka kanca
Kanggo nitipake raga samangsa sayah
Ginelut ombakingurip kang sangsaya santer
Dakkira kita wus kelangan daya dhimas
Kabeh kaya wus katon surem
Mung kari wewayanganning rupa
Kang pating sliwer tanpa swara
Saiba sepine jagad kesrakat iki
Kaya kang wus dadi sesurupan kita
Pancen ana kaca wewatesing kahanan
Antarane impen lan kasunyatan padha dene
Adoh lan nuwuhake pisatronan
Tumrap sijine
Nging uga aja sumelang dhimas
Merga kamukten iku
Mung geguritan bungkik
Lan banget kesrakate
Ana ing jagading kautamen
Saiki ra perlu adoh
Merga tangan-tangan kita iki
Isih tetep setya
Rak dhimas isih kelingan ta
Yen panjenengane iku tansah sumadya
Ja rumangsa isin dhimas
Jalaran tumetesing luh kuwi dhewe
Tresna kang sampurna
Mula nangisa
Sajege si adhi kersa
Dening Bambang Edy Supriyono
Panyebar Semangat No.21, 25 mei 1985
GURIT KANGGO ADHI III
Wus dakpasangake wulan
Lan lintang-lintang
Ing langit kasepenmu
Dhimas
Sunaranaklayan kasetyan lan kawignyan
Apadene kaprecayan
Urip iki mati
Tanpa kasangsaran
Nanging kasangsaran kuwi uga mati
Tanpa urip lan pepati
Esuk mara dipecaki
Kinanthi kidung purnaning ratri
Dening Bambang Edy Supriyono
Panyebar Semangat No.43, 26 oktober 1985
GURIT KANGGO ADHI IV
Sawise udan sumilak langit katon
Putih lir salju
Nanging carita isih dawa adhiku
Isih ana prahara liya kang bakal teka
Merga ya pancen ngono kuwi
Tembanging alam donya kasunyatan urip iki
Lan mesthi
Kita ora kuwawa anyelaki
Ana kalane tangis njejuwing ati iki
Pindha wengi kang tanpa lintang
Warna ireng lan kasepen dadi kekanthine
Nanging aja pisan-pisan kandheg mung
Tumeka semono dhimas
Merga crita liya isih nunggu girang guyumu
Beda itungane angka-angka
Kang sarwa bias kaentha
Guyu lan tangis mokal kaetung wektune
Nanging kita seje sabangsane urip
Kang mung mbujung gumebyaring kadonyan
Kita ngreti sangkan paran
Malah uga tumrap sesangune
Mula kuwi tansah digedhea ing athi
Ana rina ana wengi tumraping kahanan papa iki
Semono uga garising lelakon
Kang tansah kita pecaki mung wae panjalukku adhi
Aja lali memuji
Tansaha densukuri
Sadhengah kang wus kawedhar
Lan kaparingake jroning urip iki
Menawa isih ana dina esuk
Kapacak ngareping mripat
Lan kita ana esem kanggo sangu
Nglabuhi sakabehing pangangen-angen
Becik kita jumangkah
Nadyan mung cilik
Lan kanthi mbaka sapecak
Urip dudu impen
Lan pungkasane
Kita mesthi lumaku
Luru lan luru
Nganti ketemu
Dening Bambang Edy Supriyono
Panyebar Semangat No.2, 11 januari 1986
CATETAN PUPUT TAUN
Isih ana mendung
Dhuwuring langit sepi
Kanggo ngaca
Tumindaking sesanti
Anggayuh budi utami
Nandur wiji
Karaharjaning negari
GURIT MLErIT SAKA LANgIT
Mendah jero ngawiyate
Rembulan tipis
Ndhepipis waliking mega-mega
Mendah rempu pangrasane
Klamun wus prapto
Titi mangsa lan marga wekasane
Sewu dalan mitra
Siji parane
GURIT SEPI KUMRIWIKING BANYU KALI
Iki suara angluh kumriwiking banyu kali
Ing pojok desa
Dudu memedi
Utawa tembanging setan setan wengi
kang tansah
Dumeling ana kupinging para widadari
Enering kiblat wus diencengake
Nlusup mengiwa
Tumuju papan amba gebyaring donya
Mengkono uga arum swaraning para
Ngagama
Kabeh kaya wus padha suwala
Kliwat saka dalaning swarga
Mbuh arep nyang endi maneh bakal
Digawa lunga
Banjur bakal nampa pidana apa
Jagad tuwu kebak dosa
Yen kembang-kembangin desaku
Uga wis padha alum
Katut tiba glangsaran
Ndhepani tlepong-tlepong jaran
Nanging mboh tambur telenging ati iki
Mesthi dadi sepi
TEMBANG KANGGO ADHI
Cik ben dak sanggane lelakon sedhih iki
Angger kowe tetepa ing ati
Rungakna liwat sumiliring angin wengi
Wis mesti dudu tangisku
Karang ra bakal nyimpang
Nadyan ombake rentak
Lan ana prahara ngelak
Jejegna cagaking kaprecayan
Gantungna kabeh kekarepan
Ing pundhakku isih kuwawa ngangkat
Nadyan abota nganti dikaya ngapa pisan
Lambeku tan bakal kendhat
Ngidungake tembanging kasanggupan
GURIT ING POJOK KUTHA
Dak sawang mega kang suwung
arak-arakan hawa kang tansah
nggeget
mbuntel guwayaning kutha
dadi pepetenging angkasa
gilang-gilang
mustikaning hyang kara
tinebas kilat nggennya
sumyur mawurahan
banjur kang ana
sadhuwuring gunung-gunung
timbrenging sesawangan
lan kang ana
telenging telaga
rasa ning
panjeriting jiwa aking
GURIT WENGI IKI
Selembar godhong tiba latar
Ana angin nggembuleng muser-muser
Nyawur awu
banjur
panas, panas. Raiku kebak gupak, Dimas
suda lan kandhegana. Wus cukup crita muspra
kang kok tembangake jroning impenku
mangkono jumangkahe sikil kang lumaku
binareng rasa lan atine
bocah cilik sumrinthil premen
ra ngreti kekarepane
nanging aja kuwatir, Dhimas. Kabeh iya padha
pasang, lan surut, kaya patraping segara. Mung wae pancen
kudu ana bedane, yakuwi kang diarani laku jantraning urip
mung gusti kang andarbeni
rungakna gurit wengi iki nyuwek klambuning
sepi nging dudu pakartining jim lan peri
iki swaraning ati saka gempilaning lelakon
kang tiba tangi rungokna rungakna mbok menawa esuk
enggal bakal teka nggawa crita liya
LAKU LAN KRINGETKU
menawa ana padhang kang sumelet
wes mesthi
dudu mripat lan atiku
aku ngreti
kuwi pati lan uripku
laku lan kringetku dadi werdi
cinampur esuk
tresna ing sami
DIAGRAM SEPI
gisik segara lor wutah sadhuwuring pasir
kadhang ngecipak swaraning ombak
cilik cilik kang sumanak
dadi tlapak
dadi cecongak
ngongak gomplanging simak
SOLITUDE
bali kekidungan iki rumesep
jroning wardaya
ndhepani lingsir
kang sangsaya tundha
kasiya
dimik cilik kumelip
sepi lan kalunta
KIDUNG SEPI ESUK IKI
dak sawang jumedhuling srengenge
lungkrahing pucuk gunung
ana atiku kang bengkah
jinamah mega ngaliwung
nalika banjur bali dakpecaki
dalan iki
sepi nyandhung ing watu-watu
KINTAKA JINGGA
kabur kabar kang tinulis
jroning lembayung sore iki
marang segara kang tansah kekidungan
sepi swaraning ombak
kangen rembulan
kangen lintang-lintang kang sumunar
ngedhepi ati
nanging surup sangsaya angslup
ngrenggani wewayanganing pedhut
kang luput ginrayah rambut
saiba nglangut
wanci wusanane
kang dadi wewatese
warna apa rasa
KENDHANG
serak lan garing swaraku
kendhang madyaning karingkihan
bunyak-bunyak tatuning kang awak
dhuh kabuncang-buncang
NGUNGSI SAWATARA
ing kene kepengin dakleremake jiwa
pasrah marang ombak rentaking segara
TITIPAN LARA LAPA
marang angin kang sumilir
daksuwun lega lilamu
kalamun sayah tumeko wanci
ruktinen aku klawan pamuji
GURIT KANGGO SEDULUR KULI
ING PASAR MINGGU JAKARTA
sesangganing jiwa
luwih-luwih uripmu
sapa kang bakal ngupiya, dulur
otot lan balungmu kang wus lunges
mblejeti kuliting perasaanku
nuwuhake gurit kebak klawu
kaya iki
nanging tampanana ya dulur
sakabehe peparingan iki
kanthi eklas lan padhanging ati
menawa padha pasrah
lan kumandel sihing Gusti Allah
wus mesti urip iki
dadi pamuji
JAKARTA
ra dak nyana-nyana
kutha kang endah lan bawera
jebul mung geni lan panikso
TAMAN IMPIAN JAYA ANCOL
aku nyoba ura-ura
nanging muspra lan kalunta
mripatku lara
tanganku nggrayang kang ra ana
SILHUET
rasa kangenku wus ilang
kagiles rodha-rodhaning bis
mbokmenawa uga tumetesing luhmu
mung kari awu biru kang saya nglawu
sing ana ing adohe sesawangan jembar iki
sadhela maneh terminal sepi
bakal nyeret maneh dhengkulku
sing wis saya kaku iki
lan aku ngreti
menawa kowe babar pisan wis ora ana
nalika iku
merga gigir-gigiring rodha bis
sing wengis iki mesthi bakal nggiles
rasa kangen lan pangangen-angenmu
kowe pancen wis mati
babar pisan kelangan werdi
nging aku ngreti kowe bakal bisa tangi
bali
mbuh saiki apa sesuk
aneng sepine ati
KRADENAN ANGSLUP SURUP
sayah kagoncang dawaning lelakon
kandheg saperon-peron
atiku loyo jiwaku nglokro
surup tiba ing plataraning stasiyun iki
nyupata nggembulenging sepi
nyapa teteka kaya ri bandhil nunjem ing ati
dhuh Gusti Maha Widi
Paduka pirsa gumelaring urip iki
mungguh obah osikig kahanan
kang tansah nyebar werdining wewadi
mangga kajlentrehana kula papa
plajenging pejah lan gesang kula
sayah sampun kaleremaken
oncating srengenge tuwuh raos
rempu ing batos
GURIT WINGI
wis ta yayi
singkirana wae gurit iki
ra ana bacute katresnan wingi
mung tembang resep samangsa liwat
gawe mlarat
gawe sureming panyawang mripat
gurit wingi kae
becike kok uncalake wae yayi
saka ati kang ciyut
nyang segara kang amba
lelakon iki isih dawa
kita mesthi kudu nyuwita
LEPASAN
mabura
mabura dara
gawanen critaku iki
lepasa
lepasa dara
ja pisan-pisan bali
ing langit susuhing mega
ruwaten
sakabehing panandhang
papa
LANGITE MUWUS SORE
ing teras njaba
kembang semboja kingkin
lowong atine
binarung sumiliring angin
rumesep sore-sore
langit ing kulon
katon mbranang
ngemu rasa
sakabehing panandhang
LAN
lan
watu-watu iku wis dak buwang
saiki aku
kepengin sliramu nembang
klayan gamelan
wus samesthine
galang lan dandan-dandan
kesuk lumaku
dak panjere lintang
anak putu nunggu
aku dak nggethu mesu
lan lan lan
warisan sajaman-jaman
TAUN ANYAR
ing kene patilasan
ing kene mula bukane
sakabehing gegayuhan
atiku anyar
atimu anyar
ayo negar
ngegarke layar
DINA ESUK
(bundhelan tekad)
aku kepengin
dina esuk kang padhang
isih rinengga
ayoming rasa katresnanmu
aku kepengin
dina esuk kang jembar
isih binabar jembar
urubing tekad lan kasetyanmu
aku kepengin
aku lan sliramu
kuwawa miyak
sakabehing pepalang
nglumpati ombak
nyigar jembaring segara rentak
CAMAR
camar dhewe
mobat-mabit abure
kaya kabotan sanggan
camar neneka
camaring ati gela
ngasoa sawatara
mencloka ing atiku
segara pating klompyar
PRENJAK
prenjak ngaklak
nyurung sanak
saka kadohan
lamat-lamat nyedhak
aku apa sliramu
sing lagi mertamu
eh
sliramu isih eling
aku
kelangan dlamak
SEWU LINTANG ING AWANG-AWANG
tanpa nyilep perbawane
dak gegem kenceng pangiket dhawuhe
ing ngarsa sung tuladha
ing madya mangun karsa
tut wuri handayani
dak sirame pangangen-angene
dak wiwitane tepa slirane
tuwuha ngrembaka ing bumi sutresna
gawe ayang-ayange langit sanusa bangsa
ngiket walet giliging tekad merdika
delengen mitra
sewu lintang ing awing-awang
sumunar padhang
pratandha wus gancang
lakune kang sung piwulang
kabeh iki
labuh labeting kang wus swargi
panjenengane Ki Hajar Dewantara
kang minulya
muga lestaria mulya
bangsa kang baut ngronce kembange
CLERING SUMANDHING
dudu Yogya
dudu Jakarta
ana Clering
aku sumandhing
nadyan dumunung
ndhuwuring gunung gamping
nanging tresnaku wis pilih tandhing
anaa Yogya
anaa Jakarta
atiku wis kadhung gandrung
nadyan ing gunung
napasku landhung
MARANG SAWIJINING ASMA
rembulan tumungkul
sepimu uga wungkul
dhi
sliramu arep nyang endi
rina
ketemu Durna
wengi
semampir pundhake Durga
ngasoa
nganti srengengene teka
LAKU
jumurungku
waskithaning urip
ngambah ilining banyu
sumusup mega-mega
ndedel angkasa
ngaras rembulan
ngrenda bumi
ngisep madu
lumebering catur
methik lintang
mggambar segara
ngronce kembang
ngetut lakuning srengenge
sedyaku
resep
sedhep
ngegawang
padhang
WARTA
mega-mega bakal tumenga
mangkono uga
jumangkahe sikil iki
mitra
apa sliramu wis padha pirsa
suket-suket garing
lemah-lemah nela
aweh pepeling
mukti saiki
apa ing mbenjing
TEMBANG PAKUMBARAN
sempoyonging kang nedya lelaku
mapag jumedhuling srengenge lan wulan
ngambah rungkuting dalan
sureming padinan
godhong-godhong rontog
ombak lan watu
nyoblos punjering pandulu
PEDHUT IRENG
peteng nggameng
garising cakrawala
mbuntel bumi nggeseng
suwaliking tembung merdika
LURUNG
lurunge sapa
dadi ara-ara
tan ana katresnan
rerumat jiwa
lurunge sapa
kebak sangkrah
bakal kaobong
dadi langes
MANAWA ANGINE PRAPTA
kaya lembayung kang alum
pucuking angin kang pegat nyawa
sapa kalis bebaya
menawa angine prapta
mitra
sira ana ing endi
wartane wus trawaca
sawangen rikma waja
apa wus sumadya
menawa angine prapta
mitra
sapa wae lena
mula siyaga
dimen waluya
LOWONG TENGAHING MARGA
iki lelakone sapa
sapatemon jroning kasepen
rembugan kanthi ati
endi wektu lestari
tembok-tembok kaku
nyampluk tutuk
kang saya bisu
AMUNG GODHONG
delengen kaya apa endahing pepaes
rinengga busananing kajasmanen
gilap-gilap cahyane mung sagebyaran
tinempah jawah ambyar lan kamuktene
sawangen kaya apa santosaning tuwuhan
tanpa labuh labet mung kanepson congkrah
gawe sangsaya petenging jagad kaimanan
mblasahe godhong-godhong tanpa ugeran
among godhong sliramu wus mangreteni
nanging ya gene tansah kok silep werdine
piwulang sejati engga ngelak lan luwene
suket-suket gawe sureming cahya rembulan
among godhong sawangen kaca benggala
apa kang rinancang dening manungsa
among sawatara nanging kayektene
langgeng ing salawas-lawase
SUTA THiNGLI
suta Thingkli,
tanggaku wetan kali
uripe penekan wit jati
nggantholi thingkli
diuber-uber kuwali
karo polisi hutan
sing tansah nyujanani
suta Thingkli
sebrayat pitu cacahe
saben dina nyranggap njaluk tadhahe
yen begja sega karo tempe
nanging ketela yaw is dadi padatane
ngono uripe mataun blusukan alas jati
wiwit omah-omah biyen nganti saiki
manak nem, lima keri siji mati
suta Thingkli ora ngreti reformasi
ngretine mung alas jati
saiki oleh dikethoki
rina wengi diusungi
ra ana sing ngalang-alangi
sing saya ra dingreteni
sing jaga kok cucul klambi
lha nek ngono aku ya melu ngeli
jan-jane suta Thingkli isih wedi
nadyan sing dijupuki mung rupa thingkli
atine kerep nyela semu ngandhani
jeneng dosa
cilika mesthi nginjeti
lupute ing donya iki
ya mbesuk yen wis mati
mbuh-embuh iki suta Thingkli
bisane mung golek thingkli
weruh thingkli nglera saalas jati
tangane klawean melu njupuki
nadyan mung thingkli
asile pancen mikolehi
terkadang bisa dadi ram-raman sing edi
uga bisa dadi meja kursi utawa lemari
liyane bisa digendheli,
sesuke mesthi diparani sastranadi
kaya wit-witan alum kesiram udan
suta thingkli dadi seger dadakan
bojone saiki wis nganggo mas-masan
anak-anake yaw is pantes melu dolanan
nanging begja ora kena dipeksa
cilaka ora bakal ditungka
wengi-wengi suta Thingkli digawa polisi
jenenge kecathet minangka pangrayah jati
suta Thingkli wong cilik
lungguhe dhingklik mangane sithik
yen apik ra uman becik
yen ala kedumuk dhisik
telung dina ndhekem ing kamar tahanan
ngenteni bojone ngrucat mas-masan
suta thingkli nganti
kaya ra kuwat ambegan
mangka alas panguripane saiki
wis malih dadi lapangan
SASI SANGA SANGA PITU
thingkli kuwi arane pakang jati
kang populer keprungu ing taun
sanga pitu-an ing tlatah nggonku
AMPAK AMPAK
isih kaya nalika padha ngilo kaca
wewangunan maneka warna mung seklepasan
dene mawar kang kok gambar ing buku-buku kuna
tansah seger mecaki dalan-dalan kauripan
apa iki mung pupur
jalaran putiha dikaya ngapa kahanan sayekti lumpur
lan wis kang wus kadhung tumama
ngregem panguwasa telenging palimengan
nandur prahara nyebar pepati
cengkoronging lemah-lemah iki
wus kadayan pageblug
saka letheging reka culika amemba
srengenge nyunar padinan
kaya lawa-lawa kang nglimpe tentreming wengi
nyigar kasepen ngrokoti sempaling ati
mangkono langite wus ngampak-ampak
ireng njanges wulu gagak
adoh saka entering srengenge
mung ruwet renteng sangsaya rame
ubaling awu panas kaya naga ngelak mangsa
lali purwa lan duksina
mung gebyaring pepaes raga aluming kasukman
pating blulung nasak tatanan
pepayu kang wus densaguhi
srana antebing ati
buyar saiki dadi ampak-ampak
medhot sihing langit
medhot ilining kali
katresnan
PETUNGAN DINA ESUK
jebul kang karanti wus mili kawuri
kaya ngono wijiling panggagas lan
kuciwamu saben jumedhul srengenge ing
punthuk impen
mangka kekidungan lan kekudangan isih
panggah sumimpen werdi
banjur apa darunane esuk biyen lan saiki
pepesthen pancen dudu darbekmu
esuk lan sore mung wewayangan trep
gumantining wektu lan kahanan
mangka kabeh mubeng seser kaya gangsingan
biyen kecekel saiki kelangan lan esuke
gawe gagragan anyar
ana ngendi dununge kalanggengan lan
kamulyan sejati
dadia jati kang mesthi dumadi
kaya ngono swaranig asepi sela-selaning
dongamu
nintingi sari kawuri njumputi dina esuk
ginaris suryaning srengenge pinacak
padhang sureme ariki
nanging iman ndayani sakabehing pangarep-arep
TEGAL CENGKAR
gogroging ron cemara
nggurit tegal cengkar ing burimu
sarwa ngelak lan luwe
suket-suket garing nglinthing ati
nyidem perihe
dudu awu panas kaimpi-impi
nanging segering banyu kauripan
ngilekake werdining katrisnan
lan karukunan
ing sungapaning ati
leng-lenging kajiwan
ora ngreti apa ora pengin ngreti
jumeriting sepi ing sela-selaning
watu padhas
nggurit tegal cengkar
kanthi tetangis ngelak usada
GRENJETING KAPRACAYAN
kaya wiji aku kasebar ing lemah iki
tanpa bisa milih ngendi
tuwuhku winengku tulisan
datan aweruh regeman
sugih lan miskin
sumimpen angin
suka bendune lemah
wus wutah tinitah
mung dayaning kapracayan
ndayani otot-ototku
ngranggeh sari-sarining kauripan
tumetes srana kringet lan pandonga
nadyan rojah-rajeh tetatuku
ginebag ri lan watu
dakulu
dakguyu
dakgawa mlayu daksidhem kenceng
papa sudraku
daktintingi
dakpethiki
dakgawe aji
BENER LUPUT ALA LAN BECIK
yen
bener kuwi sing ora luput
lan ala kuwi
sing ora becik
saiki
sing bener bisa luput
lan sing ala bisa becik
sing ala ditampa
sing becik ditampik
gumantung dhuwit lan cacah
dhuwit sithik bener sithik
cacah sithik becik sithik
cekake kari sapa sing muni
lan sapa sing mbiji
ya gene bener luput
ala lan becik
dhewe-dhewe
kejaba sifate dhewe
pancen ora bisa diworake
mbok menawa wis dadi jamane
manungsa gawe kraton dhewe-dhewe
nging aja nglokro
sing ora kaconggah
nunggua pambijine Gusti Allah
PARI LAN EKONOMI
saya mentes pari
saya nggenah konjeme ing bumi
saya mentes ekonomi
saya nggenah sunguting ati
GERABAH LAN TANGGA
gerabah kuwi bala pecah
yen wis kadung pecah tanpa paedah
lha yen tangga
tangga kuwi sadulur celak
yen wis kadhung celak
wani neranyak
lha kok ngono kuwi
ya mbuh kuwi
WEK WEK WEK
wek wek wek
bebek siji wek
bebek loro wek wek
bebex telu wek wek wek
aku seneng
bebek-bebekku saiki
wis pinter wek wek wek
kabeh dha muni wek wek wek
ora ana sing pethok pethok
WOT
jare wakul
kok dandang
jare konthul
kok dhandhang
(sore dele esuk tempe
ya gene apa ra is jamane)
wong ngalah klumah
wong jujur ajur
wong adil mbrindhil
wong bener kunyer
(kok kojah apa ra wis anjrah)
ana rina ana wengi
ana dina iki ana dina mburi
ora ana pedhoting ati
tumrap wong iman kang sejati
saiki wektune kabeh ngranti
pambiji lan teruse
ora bisa diselaki
(mula sing warang dadia bregas)
sing weruh dadia wanuh
sing ngreti dadia saya titi)
SARAPAN
mbok wis trimaa wae
kopi letheg kanggo nguntapake
rasa gela karo ngenteni
pletheking srengenge lia
(kabeh muni wis jamane
karo tata tata ngunekake bendhe
kaya kaya wis rila ing sarandune
nedya kaabdekake)
sarapan Koran merdika
karo mangan tivi njeron Negara
weteng iki rasane katutan pecahan kaca
nanging kepriye ya
wong urip kok dipeseso
aku isih seneng tela
timbang sega ususku lara
KEMMBANG
kembangku wingi sempal
jare nguwong pancen wis pesthine
aku moh takon mundhak ketriwal
dakulu dhewe rasa gelaku
nadyan pait rasane
dina iki aku nedya bali nyambangi
kembang-kembangku ing taman iki
nanging ra daknyana-nyana
atiku jebul saya nelangsa
JAMAN
kaya suarane grobag sapi kang sineret
waton mung sesisih rodhane
(nalika aku isih cilik biyen
grobag sapi rodhane nganggo wesi)
dina dina glodhagan ngantemi watu sadalan-dalan
awune kumebul nggeghana
ngiring lakun para demonstran karo ngacungake kepelan
lan gendera kaswargan
kambi muni :
wenehna bumi langitku
presis patrape wong ngoyak macan ing jaman penjajahan
sing pancen kranjingan
utawa ing jaman ngrebut bali kamardikan
sing mula pancen entek-entekan
iki jaman reformasi
ngono kandane sing ngarani
karo ngarep-arep tatanan lan tataran
urip sing saya mundhak aji
anehe sing thukul saiki
akeh wong kendel keburu wani
idu geni paribasane
sakecap muni
kobar dami sanagri
jaman iki akeh wong sengit keburu apit
apite nggaret jarit
mung jalaran werna klambi
akeh wong kang kacepit
ja kandha sapa-sapa
ra padha ja takon dosa
wong pinter gawe bebener
sing bener di unyer
benere ditaker dhewe
sing saya gawe surem
jagade diregem
mung sagegem
liyane dibogem
yen prelu digawe apem
akeh wong nyembah trekah lan krenah
temah lakune bubrah
bantene mblasah
akeh wong saguh keguh weruh tan wanuh
waton sempyuh datan mitambuh
biyuh-biyuh
akeh wong klumah jalaran pitenah
lan ora gelem nggo trah
wong mbabah sewayah-wayah
wong mati tanpa pangaji
ironis ironis
akeh wong lungguh manis
nadyan pagiris anjrah gawe tetangis
he ati he ati
buntelen tatumu nganggo kain mori
sing yekti mori
tambanana lelaramu
nganggo sabdajati
sing yekti suci
he jiwa he jiwa
biraten tangismu
nganggo donga sing segara
he raga he raga
tampanana sekabehing panandhangmu
kanthi legawa sing ndirgantara
sabisa-bisa tetepa setya ndedonga
suwunna pangapura tumrap sing wis padha lena
nyebut asmaNe kanggo nikksa sesame
aja lirwa ngabekti ing papan suci
awakmu Baiting Roh Suci
yen dipalangi sengiting ati
sidhemen sing premati
nganthi pungkase jaman iki
merga sabegja-begjane sing lali
isih begja sing eling lan ngimani
pangadilaning Gusti kang makuthani
mring titah kang tulus yekti
sarto kang njegurake geni paniksa jati
marang sok wonga kang nyebar piala
lan dhemen memateni
ya mung kuwi ngwekani jaman iki
KEKERANING AJI
kabeh iki werdi
kabeh iki ora ana sing mangkreteni
kabeh iki during mesthi
kabeh iki isih manggon ing bumi iki
kabeh iki ra wurunga bakal kabesmi
kabeh iki mung kahanan sawetara wanci
kabeh iki ora ana sing lestari
kabeh iki mung sakeplasan aweh pangaji
kabeh iki ing astaNe sing maha Gusti
kabeh iki mung pangajab adrenging ati
kabeh iki isih kudu ngliwati coba lan uji
kabeh iki mung kari ngenteni
tekane jaman sing ora bisa disumurupi
nganti kabeh iki mbesuke lagi bakal
bisa dimangreteni apa paedahe tumindak
katresnan lan kabecikan ing jagad raya
wegung sesami iki
PANGLIPUR
yen wengi-wengimu binuntel kasepen jalaran
koncatan cahyaning rembulan kang lagi ndadari
ngelingana uga yen esuk isih ana dina
padhang kanthi srengenge kang luwih gedhe
dayane kanggo nguripake bali sureming
pangangen-angen sing wis nglinthing wengi
mangkono uga manowo lemah sing kok pidak
nanchepake ri bandhil ing dlamakaning
sikilmu sarta langit cakrawalaning uripmu
siniram awu klawu temah ndadekake perihing mripatmu
aja kebacut gela sarta kesusu ngira
yen kabeh iku mau ngalamati puput curesing
pangimpenmu bab keadilan lan kamardikaning uripmu
jalaran ing jagad liya kang wus kokantebi
kanthi pracaya
sakabehe iku mau bakal bisa kok tampa
kanthi sampurna
KAMARDIKAN
kamardikan iku sega pulen jangan santen
kamardikan iku bocah cilik
ing pangkone bapa biyunge
kamardikan iku prawan pitulasan
sing lagi pisan kuwi krungu tembung katresnan
saka priya sir-sirane
kamardikan iku wohing semangka
sing dipangan ing mangsa ketiga
kamardikan iku kupu sajodho
sing lagi iber-iberan ing sela-selaning kembang
kamardikan iku banyu es
ing gorokaning wong kang lagi ngorong
kamardikan iku wulan lan lintang-lintang
ing langit wengi kang peteng lan sepi
kamardikan iku udan pisanan
sawising mangsa ketiga kang dawa
kamardikan iku angin sing midhit
sangisoring wit-witan mbregat
kamardikan iku madu asli
sing lagi tumetes saka talane
kamardikan iku manuk-manuk
sing ninggal paturon kanthi kairingan
jumedhuling srengenge padinan
kamardikan iku enak
kamardikan iku ayem tentrem
kamardika iku nengsemake
kamardikan iku seger
kamardikan iku ngresepake
kamardikan iku endah
kamardikan iku nyes lan nges
kamardikan iku luhur lan mulya
kamardikan iku nglegaake dhadha
kamardikan iku manis
kamardikan iku . . .
gorokanku muni mak cleguk
Rabu, 25 November 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar